Jaka Pancet Jaka
Ing desa Sekarwangi, ana pemuda kang jenenge Jaka. Dheweke iki anake juragan sapi. Senadyan dheweke kuwi diarani sugih, Jaka ora tau pamer. Nanging anehe, Jaka isih ora nduwe sisihan, senadyan sakjane rupane yo ora elek-elek nemen. Jaka iki areke pancen males, ora gelem kerja. Saben dina mung dolan, cangkrukan, nanging patheng sembayange.
Dina iku kaya biasae Jaka dolan menyang warunge Mbok Jum. Ora lali dheweke nggowo gitar kesayangane. Senengane Jaka pancen nggudoi yen ana bocah ayu liwat amarga dheweke jomblo. Tangane ngenjrengi senare gitar dibarengi karo kancane loro (Bayu lan Bagas) sing nyanyi tembang Jawa. Wektu dheweke ing warung, mara-mara ana kenya ayu lewat. Jenenge bocah lanang kaya Jaka sing isih jomblo, yo mesti wae kepincut. Rasane koyo ana kembang mawar sing liwat ing ngarepe Jaka. Tembang Jawa sing dinyanyekake langsung dadi tembang asmara. Jaka mesem lan kenya ayu kuwi pipine abang. Mara-mara Mbok Jum teko ngeterno kopi sing dipesen Jaka. Kopi meng langsung diombe, lan tanpa sadar ilate Jaka kelaran amarga kopi sing isih panas diombe.
Bengine, Jaka ketemu karo kenya ayu iki ing mushola Al Adzim. Bocah loro iku rupane padha senenge. Jaka saiki wes kenal karo Ratih. Lan bocah loro iki saya suwe saya cedhek. Sak marine sembayang ing mushola, Jaka bingung amarga sandhale sing anyar ilang. Tapi dheweke ora ngetarani, amarga isin karo Ratih. Jaka ngejak Ratih mulih bareng, nanging Ratih ngomong ora gelem amarga Ratih isih durung arep mulih. Akhire Jaka mulih ndisek. Ing omahe, Jaka ora bisa turu amarga kelingan ayang-ayangane Ratih.
Kesok dinane Jaka ketemu meneh karo Ratih. Pokoke saben Jaka nang mushola utawa mesjid mesti ana Ratih ndek kunu. “Opo iki sing diarani jodho”, Jaka ngomong dewe. Pas lagi omong-omongan, ana warga ngomong yen ndek mushola Al Adzim iki ana maling sandhal.
Jaka : “Dhik, ati-ati yo yen menyang mushola iki, dina mburi iki ana maling sandhal. Wingi sandhal ku sing ilang.”
Ratih : “Iya mas, aku dhewe yo wedi.”
Bengi iki ora kaya biasae Jaka sakmarine ngaji ndek mushola, ora langsung mulih, dheweke dolanan mercon ndek mburine wit pring. Sakdurunge disumet, dheweke kaget lha kok ana Ratih bingung ing ngarepe mushola. Ratih katon nggowo tas kresek karo milih-milih sandhal. Jaka tambah kaget wektu weruh yen tibake sing biasane nyolong sandhal kuwi Ratih.
Ratih kepergok Jaka, langsung mlayu keweden. Jaka takon nang warga sopo sejatine Ratih kuwi. Ana warga sing njawab yen Ratih iku anake Pak Suro sing ora pati waras. Pancen Ratih senengane ngumpulake sandhal. Lan ana sing ngomong meneh yen Ratih kuwi biasane nggantung sandhal ndek ngarepe umahe kanggo hiasan amarga marine arep Agustusan.
Jaka mung meneng wae, bingung kudu nangis opo ngguyu. Pancen Jaka iki kok soro temen golek sisihan. Biyen dheweke wis kate nglamar bocah wadon, tapi tibake areke kuwi senenge karo bapake, dadine ora sido. Owalah melase Jaka.
Bagas : “Mangkane Ka, kaya aku ngene iki lho. Yen seneng karo wong wadon iku aja mung teko ayune wae, tapi kudu ngerti pribadine lan atine”, mengkana iku nasihate kancane kang jomblo pisan.
Pithik jago padha kluruk, Jaka tangi teka turune. Langsung adhus lan menyang warunge Mbok Jum. Wektu ndek warung ana kenya ayu liwat. Jaka ora gelem nggudo meneh, dheweke kapok gara-gara ngimpine. Sak marine kedadeyan kuwi, Jaka saiki wis ora bingung nggolek sisihan maneh, dheweke yakin yen jodhone bakalan teka.